Halaman

Minggu, 02 September 2018

Balelo


NAMA KELOMPOK :

1.ALDA NISA MANDASARI
 2.ANNA AYU AMITASARI
 3.ARIFA NUR LAYLA WAHID
 4.DEA YULMANIA KARTIKA PUTRI
 5. IKA PRIYANTI
 6.NIRATHA PRAJNA ARDHANESWARI
 7.ROHMAH INTAN NINGRUM



NAMA TOKOH

 1.BAPAK :Sedikit keras tapi baik hati
2.IBU : IKA PRIYANTI (baik hati,sayang pada anak-anaknya)
3.ANAK : 1.ARIFA (Lugu,polos,nurut orang                             tua,pintar,baik)
                  2.ALDA  (Jahat,suka iri)
4.TEMAN : 1.MITA   (Ala)
                     2.INTAN (Ala)
                     3.DEA (Baik,Tegas)


Ing wayah esuk kae ana saduluran wedok kang ana perbedaan saka sifat salah sijine, pas wayah iku saduluran kui budal sekolah bareng di terne  bapake nanging bapake iku luwih tresno marang anak sijine seng jenenge arifa amargo arifa kang apik sifate bedo karo alda kang ala sifate nanging ala sifate iku amargo enek kekancane seng jenenge intan lan mita ing sekolahane.
Pas ana waktu arifa di buli (dijahati) marang alda lan kanca-kancane arifa dibelani marang kancane seng jenenge dea, dea kui mau bocah karate kang nduweni watak tegas lan apik atine, nanging alda ora mandek tekan kui lek ngebuli (ngejahati) arifa, alda ndue guru kang kenek di ajak politik melu ngejahati arifa, guru kui mau dibayar marang alda penake muni disogok duit.
Lan ana wayah wektu sawijining alda nglakoni watak ala ning arifa , alda banjur sadar lek kui sadulure lan ngroso getun ing perbuatane wi mau banjur alda nyuwun ngapuro marang arifa sadulure wi mau saka perbuatane, alda banjur sadar lek kanca-kancane kui ala sifate lan alda yo sadar lek kanca-kancane kui seng ngehasut ben alda tukaran karo sadulure arifa mau. Alda terus ninggalne kanca-kancane seng ala kui terus dee urip rukun karo arifa lan keluargane....




SCENE 1( Budal sekolah )
Bapak : Ayo ndok gek budal bapak wes siap
Arifa : Enggeh pak
Alda : Aku budal dewe gowo sepeda dewe
Arifa : La nyapo mbak ayo budal bareng
Alda : Arepe budal dewe aku sepedahan dewe
Bapak : Wes bene ndok ayo gek budal sekolah selak telat
Arifa : Tapi ngesakne alda lo pak lek budal dewe
Bapak : Yowes bene wonge dewe pengen budal dewe kok westo ayo gek budal ( bapak geret tangane arifa terus mlebu mobil )
Arifa : youwes pak ayo budal selak awan iki
 ING NJERO MOBIL  PAS BUDAL SEKOLAH
Bapak : Wes ndok ndak usah dipikir mbakmu pancene ngono kui  dek e paling sumpek numpak mobil terus dek e sepedahan
Arifa : Mboten pak tapi aku ngesakne mbak alda lek sepedahan dewe kan biasane dek e ndak tau sepedahan dewe
Bapak : Halah ndok wes ndak usah dipikir engko malah pelajaranmu terganggu wes ndok ndak usah di pikir mbakmu
Arifa : Nggehpun lek ngoten pak




SCENE 2 ( Ing sekolahan )
Mita : He al reneo ( mita mlaku karo intan terus marani alda )
Intan : We ginio al kok cemberut wajahmu
Mita : Laiyo enek opo critao al ojo nesu-nesu ndak apik
Alda : Iku lo arifa aku iri bapakku luweh tresno karo arifa timbang aku
Intan : Loh terus we ketarane budal sekolah kok dewe saiki ndak ambi arifa biasane kan mlaku bareng? We di tinggal?
Mita : Ojo muni lek we sekolah nggowo sepedah dewe terus we sepedahan dewe
Alda : Ancene iyo aku sepedahan dewe aku wes wegah sak mobil karo arifa
Mita : Hah apa seorang alda ki sepedahan dewe
Alda : Halah wes bene saiki ayo marani bu guru nirata seng penak diajak ngebuli arifa
Intan : Emang we wes gowo duit piro ?
Mita : Laiyo opoyo gelem ndak kok bayar bu nirata
Alda : Halah westo ayo iki duit neng tas karek njaluk piro
Intan :  Yowes yo ayo gek rono ojo panggah neng kene ae
Mita : yo yo ( karo geret tangane alda )
Alda : Bu nirata neng endi yo ( takok bocah seng ana ng pinggire sekolahan )
Intan : Alah westo ayo di goleki dewe cah cah
Mita : Yowes yo cah cah



SCENE ( Ruang guru )
Alda : Assalamualaikum wr wb
Bu Nirata : Walaikumsalam wr wb enek opo cah goleki sopo ?
Alda : Goleki panjenengan bu enten kepentingan
Bu Nirata : Yowes mlebuo kene lingguh gek munio enek opo sampean podo rene
Mita : Niki lo buk alda enten urusan terus nyuwun bantuan kalih njenengan
Alda : Ngeten buk kulo niki mboten remen kalih  arifa niku kulo pengen ngejahati arifa terus kulo pengen nyuwun bantuan panjenegan
Bu Nirata : Bukane arifa kui sadulurmu to al
Alda : Enggeh bu nanging kulo mboten remen kalih arifa niku amargi bapak kalih ibu kulo luwih tresno kaleh arifa
Bu Nirata : We kuat mbayari aku to ndok aku pokok gelem lek enek duite
Intan : Lah lek duit kui gampang bu lek alda wes sak tas kelo duite
Bu Nirata : Yowes ndok aku kok kon nyapo ?
Alda : Njenengan kurangi nilaine arifa mawon bu. Niki nyotrone niki tasek dp mengko lek pun beres kulo paringi nyotro ikang kathah
Bu Nirata : Iyo mari iki aku enek kelas neng kelase arifa
Alda : nggeh sampun lek ngoten bu matur suwun sanget bu
Bu Nirata : Weswes iyo cah pokok aku enek duite aku budal
Alda : Enggeh buk assalamualikum ( metu songko ruang guru )
Bu Nirata : Walaikumsalam ( Nutup lawang )



SCENE 3 ( Ing njero kelas )
Bu Nirata : Assalamualaikum wr wb ( mlebu kelas )
Walaikumsalam (murid ing njero kelas serentak )
Bu Nirata : Arifa reneo ndok cah ayu
Arifa : Enten nopo buk ( Arifa mlaku neng ngarep )
Bu Nirata : Iki nyapo nilimu mudun pas ulangan malah medon banget timbang liyane kancamu seng goblok , iki ana surat iki wong tuamu konen moro ing sekolahan esuk sesok ndok
Arifa : Loh teng nopo buk kulo niku pun sak mampune kulo lo buk ( Arifa nangis )
Alda,Mita,Intan ( Guyu bareng )
Bu Nirata : Pokok iki surat kekno wong tuamu yo sesok esuk wwong tuamu kon rene
Arifa : Ya alloh nggeh pripun lek ngoten buk ( Arifa malah tansoyo nangis )
Bu Nirata : Wes pokok iki surat kekno, wes lungguh.
Arifa : Enggeh buk lek ngoten ( Arifa mlaku karo ngusapi eluh ing pipine lan raine roso melas )
Bu Nirata : Wes cah gek mbalik neng pelajaran iki
Nggeh buk ( Murid Sekelas )
 METU SOKO KELAS
Alda , Mita , Intan  ( Mlayu marani Bu Nirata )
Bu Nirata : Nyapo cah kok malyu-mlayu cah
Alda : Matursuwun bu aku matursuwun ( Karo ngambung tangane bu Nirata )
Bu Nirata : Iyo iki endi bayarane ?
Alda : Niki buk ( Alda ngekekne duit neng mae Bu Nirata )
SCENE 4 ( Omah e Arifa , Alda )
Arifa : Assalamualaikum wr wb ( karo ngambung tangane bapak lan ibuke )
Bapak ibuke ( Walaikumsalam )
Alda : Assalamualaikum wr wb ( Karo mlayu raine sueneng )
Ibuk : Ana apa ndok kok seneng banget iki mau
Alda : Wes pokok e aku seneng buk ( Karo ngambung ibuke terus mlayu neng kamar )
Ibuk : Ana apa ndok kemaeng mbakmu kok ketarane sueneng banget ?
Arifa : Mboten ngertos buk kulo ( Arifa raine karo bingung mikirne undangan kui maeng )
Ibuk : Ana oponduk kok saman wajahe bingung ngnu munio enek opo munio neng ibuk ora usah wedi lek enek masalah
Arifa : Niki buk enten undangan panggilan orang tua , buk ngapunten buk kulo mboten salah ( karo nangis ing pundake ibuke )
Ibuk : Loh nyapo fa kok iso panggilan orang tua ki?
Arifa : Buk kulo mboten paham ujuk-ujuk kok nilaiku njeblok buk piye iki ? padahal aku wes isnau mempeng lo buk
Ibuk : Yowes bene ndok ibuk tak mrono ae
Bapak : Ana apa buk ?
Ibuk ( nyritani kui maeng )
Bapak : Terus nyapo piye to fa saman kui tak banggak-banggakne kok maleh panggilan koyo ngene
( ALDA NGRUNGOKNE IKI NENG MBURI LAWANG KAMAR )
Bapak : Yowes aku ae buk ndak usah ibuk seng mrono
Arifa : Buk ngapunten buk , Pak ngapunten ya pak ( Arifa nangis )
Alda metu songko kamar
Alda : Buk cukup ojo nyeneni Arifa iki kelakuanku pak buk aku ngongkon Bu Nirata iki sepurane buk amargi aku iri kalih arifa la arifa terus kok tresnani lo buk pak aku yo melek kok tresnani
Ibuk : Yaalloh ndok kok iso karo adekmu iri kilo ndak pareng ngono kui ( karo ngelus rambute alda)
Bapak : Hoalah ndok ndak pareng ngnu kui kaleh sadulure kudu rukun karo sadulure ki. Gek kok bayar gurune ?
Alda : Enggeh pak sepurane pak ( Karo lungguh ing ngisore bapake )
Bapak : Terus saiki ndak pareng ngene karo sadulure wes gek nyuwung ngaopuro marang adike
Arifa : Mbak aku yo sepurane seng akeh lek aku marai iri sampean wes awet saiki aku ra bakal ngalem marang bapak lan ibuk wes saiki aku lan sampean pun akur meneh mbak sepuarne ( karo ngrangkul alda )
Alda : iki aku seng salah dek aku njaluk sepurane ( karo ngrangkul arifa )
TERUS SAIKI KABEH RUKUN KARO KELUARGANE
Terus saiki Alda wes ora konconan karo Intan,Mita seng gampang ngehasut sifat ala kui maeng saiki wes akur Arifa lan Alda wes budal bareng lek sekolah gek Alda malih melu pinter koyo Arifa.
SELESAI
PESAN MORAL : Ing saduluran kui kudu rukun oa enek seng musuhan lan ora enek seng ireng marang sadulure masio salah sijine sadulure ana seng luweh ayu utowo luwih di tresnani kita haruse sadar diri songko sifate adewe dewe-dewe. Adewe kudu iso ngerubah sifate adewe dadi luwih apik lan ben iso ditresnani wong tuane adewe lan di tresnani sakabehe.
“jika ingin di hargai dan ingin di beri perbuatan baik kalian harus berbaik hati kepada orang pula “

                           

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kasmaran