DENING :
1. Alang Syahputra
2. Arief Setyo N
3. Bayu Dimas Setyawan
4. Dany Novian R
5. David Pradana Angga S
6. Davit Antonius
7. Dwi Bagus P
8. M.Rizq Raihan A
9. Yudha Prawira K
Ceritone dateng Sma Negri 1 Karangrejo . Cerito niki nyeritakaken pripun carane nambah toto kromo ingkang becik lan pener
Ugi cara nambah tanggung jawab . Benjo , tika , muha kelas e wonten Pr . Tapi wonge malah mikir keri tugase
kamangka tugas niku tugas penting terus benjo , tika , muha terus di hukum keluar kelas . Pas di hukum bocah
bocahe malah seneng la iki bar di hukum wong 3 iki malah teng kantin . Lan di takoni penjaga kantin amergi
dereng istirahat kok sampun teng kantin lan terus teng kantin petukan guru lan di uneni supoyo mboten dablek
Teng kantin pun guyon kaleh bu kantin biasa mboten wonten toto kromo nipun
Pewatakan .
Benjo : lucu , ndablek
Tika : santai . Ndablek
muha : apikan . Ndablek
Ibu guru : tegas lan apikan
Penjaga kantin : apikan
Nama. :
Benjo
Dias
Penjaga Kantin 1
Tika
Muha
Bu Reva
Bu Vina
Bu Anggi
Iyant
Penjaga Kantin 2
SCENE 1 (Tempat : Kelas)
Wonten ing salah sawijining dinten, wonten kelas XII Mia 5
Muha : Eh Njo kowe wes garap PR Basa Jawa durung?
Benjo : Waduh durung e Muh, piye iki?
Tika : Alah piker gampang wae. Engko nek gurune mlebu awakedhewe metu wae. Nek ora paling awakedewe y owes dikon metu karang ra nggarap hahaha…
Muha : Wah sip, ide bagus Tik.
Wonten ing kelompok siswa sanes
Iyant : Eh Yas soal no 2 iki piye jawabane?
Dias : No 2? Oh kuwi gampang cek wae neng KBJ.
Iyant : Oh yowes nuwun.
Dias : Padha-padha Yan.
Dumadakan Bu Vina mlebet kelas.
Bu Vina : Assalamu’alaikum wr wb. Sugeng enjing para siswa.
Murid : Sugeng enjing Bu
Iyant : Kagem miwiti kagiatan pasinaon wonten ing dinten punika dedonga kawiwitan….. Cekap!
Bu Vina : Nggih kala wingi materine dumugi tekan pundi?
Iyant : Dumugi bab kawruh Basa Jawa wonten KBJ Buk
Bu Vina : Oaaaalaah. Bu Guru kesupen. Wonten PR boten cah?
Dias : Wonten Buk
Muha : Weh ora ana yo
Dias : Weh ana wae yo kuwi jajal bukaken hal 23 KBJ
Bu Vina : Oooh Muha konangan hayo mesthi hurung nggarap kuwi
Muha : Yah konangan
Bu Vina : Hayyo sapa wae sing durung nggarap PR ngaku wae!
(Muha, Benjo, kalih Tika ngacung kanthi isen)
Bu Vina : Yowes saiki Muha, Tika, karo Benjo nggarap PR nang njaba kelas saiki terus le ngumpul engko nek wes jam Ibuk wes rampung ya.
MBT : Nggih Buk
(MBT metu kelas kanthi lesu)
Bu Vina : Eh jan bocah-bocah telu kae kepiye to. Minggu wingi le mlebu telat eh saiki PR e ora digarap. Astagfirullah. (Ngelus dhadha)
Dias : Sampun Buk mangga dipunlajengaken materinipun.
Bu Vina : Oh iya hehe
SCENE 2 (Tempat : Njaba Kelas)
Muha : Sip bener Tik, awakedewe bebas, metu haha
Tika : Bener to wkwk
Benjo : Tos sek bro wkwk (siswa telu mau banjur tos)
Tika : Eh mbangane awakedewe nggarap PR sek ribet nang kene mendhing awakedewe nang kantin wae. Hoo ra? Aku ngelih e mau kesusu njuk lali ra sarapan.
Benjo : Weh tapi engko piye nek awakedewe rung rampung le nggarap PR gegara nang kantin?
Muha : Apik juga si idene Tika. Alah santé wae Bu Vina ra tau ngamuk kok. Sante ja.
Tika : Oh yo ayo engko ndak sulak Pak Sugeng liwat.
(Siswa telu mau banjur cepet-cepet menyang kantin)
SCANE 3 (Tempat : kantin)
Muha : Eh Mbak tuku sekul kucing Mbak.
Tika : Eh Muh kowe ki kudu basa nek omong karo sek luweh tuwa.
Benjo : Hooh Muh mesakke Mbak e
Muha : Alah rapopo , wong ra kacek adoh banget kok umure.
Benjo : Ah yowes Muh sak karepmu wae aku manut
Muha : Nah rakyo ngono
PK 1 : Uwes-uwes sida jajan ora cah?
Tika : Sida wae, uwes ayo gek do jajan pangan nang kene wae.
(Siswa telu mau banjur jajan lan nedha datheng kantin)
Pas siswa telu mau pada mak’em
PK 2 : Weh kok pada metu kelas e koyone isih jam pelajaran?
Tika : Oh durung istirahat to? (Ethok ethok ora krungu)
PK 2 : Eh hooh koyone durung istirahat to? Wong awake dewe mau wes sek tas teko kantin kok.
Benjo : Alah rasah ngurus Mbak, Mas. Dodol yo dodol wae istirahat po ora,ora masalah to nggo kowe
kabeh.
Tika : Intine nek ana wong tuku nang kantin iki, kowe kabeh rakyo pada seneng to?
PK 2 : Oh hooh ding, yowes kana
PK 1 : Sek penting awake dewe laris wae haha
Mboten dangu-dangu sanget, Bu Anggi, guru kang paling cantik nang sekolah dugi Kantin banjur mlebet
Bu Anggi : Assalamualaikum Mbak, Mas
PK 1 : Wa alaikum salam Buk
PK 2 : Nembe dugi Buk?
Bu Anggi : Hooh e Mas, aku engko isih jam ke papat kok, dadi bar istirahat engko lek ngajar nang kelas. Dadi sante wae nek aku teka jam semene hehe
PK 1 : Oalah ngoten to Buk. Mangga sugeng blanja ten Kantin niki.
Bu Anggi : Oh aku ora suwe-suwe kok neng kene, aku bungkusno wae sega balado limalas, aqua seng
gede yo limalas, karo snack apa wae seng totale kabeh seket ewu.
PK 2 : Nggih Buk, mangke kula anter wonten mejanipun Panjenengan
PK 1 : Kok tumben Buk, kathah sanget blanjanipun?
Bu Anggi : Hehe Alhamdulillah aku wes umur 25 taun Mbak
PK 2 : Oalah alhamduillah Buk, kula aturaken sugeng ambal warsa.
PK 1 : Mugi-mugi Ibuk sehat terus lan gangsar rejekinipin
Bu Anggi : Aamiin, matur nuwun yo
Krungu obrolan mau, MBT banjur nggodani Bu Anggi
Muha : Oh Ibuk guru cantik ku saiki ulang tahun Buk?
Tika : Weh hooh ta Buk? Traktir dong!
Benjo : Bayarana jajanan kita ya Buk?
Bu Anggi banjur noleh.
Bu Anggi : Eh ana Muha dkk, weh kok ra masuk melu pelajaran?
Tika : Sepurane Buk, kula luwe.
Bu Anggi : Lha mau ra sarapan to?
Tika : Lali Buk, kesupen
(Bu Anggi mbatin : iki bocah kok omong ro aku pada ora basa, ra masuk jam pelajaran, njalok traktir meneh.
Astagfirullah)
Muha : Buk sida jajakke ora? Sida dong wong ulang tahun kok
Benjo : Hooh Buk, awakedewe ora akeh kok lek jajan, wong telu iki mek enthek sepuluh ewu kok. Plis Buk!
Tika : Bayarke yo Buk, tinggal wae yo engko rakyo dibayari haha…
Nuwun yo Buk, awakedewe sulak kesusu nggarap PR basa jawa e
(MBT langsung salim karo Bu Anggi terus mlayu metu seko Kantin)
Bu Anggi : Weh wehweh cah cah piye iki?
PK 2 : We we we bayar we cah!
Bu Anggi : Waduh iki piye Mbak?
PK 1 : Nggih nyuwun ngapunten nggih Buk, kapeksa arta seket ewu wau kepotong sedasa ewu kagem
mbayar jajane cah-cah mau nggih. Lha pripun maleh?
Bu Anggi : Oh yowes tak ikhlaske wae lah…. (PK 1,2 meng iso ngguyu)
SCENE 4 (Tempat : Ruang BK)
Bu Anggi mlebet Ruang BK
Bu Anggi : Assalamualaikum Buk
Bu Reva : Eh wonten Bu Anggi, Wa alaikumsalam mangga mlebet-mlebet Buk
Bu Anggi : Nggih matur nuwun Bu Reva
Bu Reva : Kok tumben Bu njenengan sanjan mriki?
Bu Anggi : Haha rak yo boten to wkwk, kula sanjang mriki yo namung ajeng rasan-rasan babagan perkembangan kesopanan e para siswa Buk.
Bu Reva : Lha pripun Buk? Woten napa?
Bu Anggi : Aku kala wau datheng kantin ketemu geng e Muharii (MBT) cah telu wau ki mboten basa to pas lagi gineman karo aku? Jan aku rakyo ngrasa ora dihargai to. Kelewatan meneh cah telu mau pada metu
jajan pas jam pelajaran.
Bu Reva : Waduh parah tenan niku Buk, cobi mangke kula cek sinten ingkang ngulang wonten kelas e cah telu
mau.
(Bu Reva banjur ngecek jadwal KBM)
Bu Reva : Wah kepanggih Bu, iku wau kedahipun jamipun Bu Vina, guru Basa Jawa Buk
Bu Anggi : Weh hooh to? Loh kedah ipun nggih niku dados tanggungjawabipun Bu Vina to? Sak sanesipun babagan jam pelajaran kang kedah mulang babagan unggah-ugguh rakyo BU VIna to?
Bu Reva : Pancen leres niku Bu, mangga kula sms Bu Vina supados mriki.
(Bu Reva banjur sms Bu Vina)
Mboten let dangu, Bu Vina dugi ing Ruang BK
Bu Vina : Assalamualaikum Buk
Bu AR : Wa alaikumsalam wr wb, mangga mlebet Buk
Bu Vina : Nggih, wonten napa Buk, kulak kok dipun timbali mriki?
Bu Reva : Ngene Buk, wau Bu Anggi kepanggih Muha dkk wonten Kantin cah telu mau podo ora basa kalih Bu Anggi.
Bu Vina : Eaaalah dalah, bocah telu mau ki malah neng kantin to pas tak kon metu ora nggrap PR.Astagfirullah.
Bu Reva : Lha niku Buk
Bu Vina : Iya kula sadar menawi babagan ungah-ungguh menika dados tanggungjawabku minangka guru Basa Jawa ananging pripun malih menika wau ngguh gumantung para siswa nipun. Menawi kula sampun mulang saha nerangken, ananging menawi para siswa ora gelem ngleksanakaken nggih percuma niku Buk.
Bu Anggi : Nggih mangga masalah niki dipun penggalih sesarengan supados pikantuk solusi kang trep.
Bu Reva : Oh ngono to, Nggih sampun, mangga gank Muha, Benjo, lan Tika wau kula panggil wonten Ruang BK niki mawon mangke saged kita caosi pengajaran babagan tata krama saha saged dipundhawuhi damel surat pernyataan mawon.
Bu AV : Oh nggih-nggih niku mawon solusi nipun.
(Bu Reva banjur medal lan madosi geng MBT mau lan ora let suwe Bu Reva mlebet malih kanthi diikuti MBT)
Bu Reva : Gek mlebu kene cah
MBT : Nggih Buk Maturnuwun
Bu Vina : Cah kowe kabeh ki kepiye? Ibuk rakyo wes tau ngandhani kowe kabeh to babagan tata krama ana ing sekolah to?
Tika : Weh weh Buk ana apa to? Kok teka-teka awakedewe diamuk?
Bu Reva : Cah iki mau Bu Anggi laporan lha kenapa mau pas nang Kantin omonge ora basa terrus pas kon nggarap PR nang ngarep kelas eh kowe kabeh malah do jajan nang Kantin?
Benjo : Oh mau ngene Buk, kula sakanca mau pancen distrap nang njaba kelas, ananging Tika ngejak jajan amargi Tika ngeluh mau durung sarapan Buk
Muha : Lha kuwi Buk bener kejadiane
Tika : Lha rapopo to Buk
Bu Anggi : Pancen ora popo cah nanging kuwi rak yo nglanggar tata tertib sekolah karo tata krama ing sekolah ta.
Bu Vina : Lha kuwi cah rungokne. Kowe kabeh mau wes nglanggar tata krama lan tata tertib sekolah
Muha : Nggih sampun Buk, kula sakanca ngrumaosi sampun nindakake kalepatan kanthi nelar paugeran wau
Bu Reva : Yowes pokok e sesok meneh aja dibaleni. Sesok meneh ora oleh nglanggar aturan. Dadio bocah kang iso ngurmati wong tua kanthi sopan santun kang bener saha bebasa cah, lan ojo meneh-meneh kowe kabeh nglanggar tata tertib sekolah engko ndak wong tuamu kabeh tak panggil mrene yo
MBT : Nggih Buk,
Bu Anggi : Lha ngono to cah kowe-kowe kabeh rak iso belajar basa saka Bu Vina to. Seko saiki kowe kudu ngurmati Bu Vina karo nggarap kabeh PR e yo, mesakke Bu Vina wes usaha mulang kowe kabeh e.
Muha : Nggih Buk, kula sakanca nyuwun ngapunten nggih
(MBT banjur salaman karo Bu Vina)
Bu Reva : Yowes jalaran kowe kabeh wes ngrumaosi salah, lan janji ora mbaleni saiki kowe ora sida tak kongkon gawe surat penyataan.
Tika : Ngiih maturnuwun Buk,
Bu Reva : Yowes kowe kabeh saiki isa balik nang kelas.
Benjo : Nggih maturnuwun Buk
Bu Reva : Yo
(MBT banjur salaman karo Bu ARV)
MBT : Assalamuallaikum
Bu ARN : Wa alaikumsalam wr wb
alhamdulillah...tugas bisa kasil karampungake kanthi tinengeran anane blog iki. muga-muga blog iki bisa gawe wadhah kanggo gladhen nulis basa Jawa. ananging saperangan teks sandiwara isih ana sing kurang bener miturut paramasastrane.
BalasHapus