Halaman

Rabu, 29 Agustus 2018

13


Dening :  

         1. Chania Namira S.
                2. Elok Atika
                3. Fifah Atfi S.
                4. Hidayatul Hikmah
                5. Meyda Wilujeng
                6. Ninuk Sri W.
                7. Soviana Dwi S.



XI IPA 5

Sinopsis

            Ana klumpukan sinoman sing diundang sawijining uwong kanggo liburan ing sawijining pulo. Ing pulo kasebut ana sawijining villa sing nomere 13 . Ing wektu sakumpulan sinoman mau teka ing pulo kasebut ana sawijining uwong sing ngarahne dheweke tumuju villa kasebut . Sak tekane ing villa kuwi dheweke rumangsa seneng nanging rodok wedi , wektu bengi wis teka kahanan ing villa kasebut malih dadi medeni , krungu swara – swara aneh nganti nggawe dheweke kaweden lan dheweke pingin mlaku – mlaku ning sekitare villa, ana salah siji sinoman sing ilang lan ditemokne mati . Amarga keweden dheweke bali maneh menyang villa lan mutusne arep ninggalake pulo sesuk esuk . Sawise dheweke teka ing villa , dheweke kaget ana akeh panganan sing wis cumepak ing meja makan , dheweke ngganggep kabeh panganan kui disiapne dening sawijining uwong sing ngarahne dheweke tumuju villa . nalika dheweke mangan dumadakan salah siji sinoman semaput lang akhire mati . Sawise isuk teka dheweke cepet – cepet lunga ninggalake villa kasebut . ing tengah dalan dheweke dikagetne karo kedadean – kedadean aneh . dheweke ngira kedadean – kedadean kasebut yaiku ulah penunggu villa . Tanpa dheweke ngerti , dheweke wis kesasar lan mutusne mencar kanggo nggolek dalan metu . Sawise siji – siji teka dheweke mati lan isih 2 uwong.


KATRANGAN LAN KARAKTER PARAGA
1.      Pak Jajang ( Paraga Pembantu ) = wong sing aneh
2.      Axel ( Chania Namira S. ) = kendel
3.      Kevin ( Fifah Atfi S. )  = gampang curiga
4.      Ule ( Elok Atika)  = lucu
5.      Dino ( Soviana Dwi S. ) = weden
6.      Glen ( Hidayatul Hikmah ) = pinter lan teliti
7.      Nina( Paraga Pembantu ) = kendel
8.      Dita ( Ninuk Sri W. ) = lugu
9.      Stella ( Meyda Wilujeng ) = pendendam , jahat lan tukang ngapusi


PACELATHON

Ing sawijining dina, ana sekelompok sinoman sing lagi mlaku menyang pesisir tumuju menyang sawijining pulo.
Dita : “Lhoo Nina kowe uga mrene ya?”
Nina :” Iya lah, aku lo oleh undangan teka Tasell, awakmu ya oleh ta?”(karo njengek).
Dita:” Iya, aku ya oleh.”
            Sawetara waktu banjur Kevin karo Glen teka.
Glen:’’ Hey cah kae kok ana Nina karo Dita, yah diparani?”
Kevin:” Yah.”
            Dheweke ketemu banjur omong-omongan bareng. Sawetara waktu banjur Axel, Ule, lan Dino teka lan ngampiri deweke kabeh. Dumadakan enek kapal teka.
Axel:” Kae lo kapale wis teka.”
Dino:” Tapi aku rodok wedi numpak kapal.”
Nina:” Wis ta aya.”
            Sawise teka ning pulo….
Dino:” Kok medeni ngene ta pulone.”
Ule:” Heleh… ngene ae kok wedi. Apa lo sing kok wedeni?”
            Dumadakan enek swara barang sing ceblok.
Ule:” Allohu Akbar…. Apa lo kuwi.”(mencolot karo ngrangkul Dino)
Dino:” Lah-lah…. Awakmu lo ya wedi.”
Ule:” Yek ora ya, aku lo mung kaget.”
            Dumadakan Stella teka.
Kevin:” Stella kok wis teka kene?” (ing njero batine)
Nina:” Loh la, kok wis teka kene?”
Stella:” Iya, maeng aku wis numpak kapal sing dhisek dewe, tak kira mung aku wae sing diundang.”
           
Saknalika Pak Jajang teka.
Pak Jajang:” Aya monggo leyeh-leyeh teng villa, kula teraken.”
Kabeh:” Inggih Pak.”

            Ing sak tengahe lakon, Dino rumangsa wedi lan kepengin muleh.
Dino:” Cah aya mbalek. Atiku krasa ora penak.”
Axel:” Lah lanang kok weden.”
Dino:” Iya – iya.”
            Setengah jam sakbanjure.
Stella:” Pohhh, villa ne apik ya.”
Ule:” Wihhh, uambane cah. Iki pirang uwit sing ditebangi?”
Nina:” Mboh ya.”
            Wengi wis teka.
Nina:” Heh cah aya mlaku – mlaku.”
Dino:” Wegah, bengi – bengi iki wayahe turu.”
            Dumadakan krungu swara sing aneh sing ngganggu deweke.
Dita:” Cah krungu swara – swara ora?”
Glen:” Swara apa Dit?”
Dino:” Eh iya cah enek swara – swara.”
Glen:” Halah kuwi paling mek perasaanmu wae, yah Nin sida metu apa ora?”
Nina:” Sida… sapa wae sing melu iki?”
Stella:” Aku, pisan golek hawa seger.”

            Deweke banjur metu saka vila trus mlaku – mlaku dumadakan…
Nina:” Loh Glen, Stella menyang ngendi?”
Glen:” Ora ngerti aku, kayake maeng mlaku bareng awakmu ta?”
Nina:” Iya, tak kira maeng mlaku bareng awakmu.”
           
            Sabanjure deweke bali menyang vila arep ngabari kanca – kancane, menawa Stella ilang ora karuan.
Nina:” Cah Stella ilang.”(karo nangis)
Kevin:” Kok isa ilang iki piye ta?”
Glen:” Awale mlaku karo Nina, sawise kuwi Nina ngira Stel
la mlaku jejer aku.”
Dino:” Behhh aku wedi ooo.”

            Sabanjure dheweke mlaku metu saka villa arep nggoleki Stella. Trus  dheweke kabeh nyeluki Stella. Sabanjure……
Dita:” Cah tulung mrenea. Aku nemu tapine Stella.”
            Sabanjure Axel ngampiri Dita lan nyawang sakkiwa tengene alas. Dumadakan Axel kaget anane mayit sawijining bocah wadon sing manggon ana jurang.
Axel:” Cah reneo, ana mayit bocah wadon ana jurang.”

            Dheweke kabeh mlayu marani Axel.
Nina:” Sek ta, iki koyak klambine Stella.”
Dita:” La iki tapine sapa?”
Nina:” Kuwi tapine Stel
la.”
Glen:” La… Stel
la tangi…..”
Kevin:” Apa aja – aja Stel
la uwis mati?”
Dino:” Cah….cah….cah….aya mbalik…..”(mlayu sakbantere menyang villa).
            Amarga rumangsa wedi dheweke kabeh bali menyang villa.
Ule:” Pohhh ana panganan.” (langsung lungguh ing meja mangan).
Kevin:” Loh cah kok enek panganan teka ngendi kuwi?”
Nina:” Paling saka Pak sing ngeterne awake dhewe mau.”
Glen:” Halah aja omong wae, aya gek dipangan.”

            Sabanjure dheweke mangan, pas dheweke enak – enak mangan dumadakan Dino smaput.
Kevin:” Din…… Dino…… kowe nyapa?”

           
Sabanjure, tutuke Dino ana unthuke. Banjur dheweke kabeh marani Dino. Sawijining kanca ndelok denyut Nadine Dino lan kasunyatane Dino mati.
Kabeh:” Innalillahi wainnaillaihiroji’un.”

            Dheweke kabeh kaget lan mutusene nggawa mayite Dino ing njero gudang.
Kevin:” Sek ta cah kok aneh ya, mosok kancane adhewe padha mati?”(karo curika).
Nina;” Kok aneh ya.”
Kevin:” Cah sing ngundang adewe jenenge sapa?”

            Sabanjure Dino njupuk undangan ning tas banjur diwenehne Kevin.
Dita:”Iki lo undangane.”
Kevin:” T.Asell sapa ya?(karo miker). Aku weruh iki sapa. Sek tak njikuk pulpen karo kertas.”

            Sawise dienteni Kevin durung bali. Sabanjure Glen mlebu kamare Kevin.
Glen:” He cah mreneo kabeh….”
           
            Banjur dheweke kabeh mlayu marani Glen….
Banjur sawise weruh mayite Kevin, dheweke nggawa mayite Kevin menyang gudhang.

            Waktu isuk wis teka, dheweke kepengin ninggalne villa kasebut.
Dita:”Cah iki kancane adewe padha mati apa diganggu sing nunggu villa?”
Ule:” Halah ora usah omongana , aya gek ndang ngaleh wae.”

            Banjur dheweke cepet-cepet ninggalne pulo. Sawise sawetara suwine mlaku dheweke ora nemokne dalan metu lan mutusne padha pencar.
Axel:” He cah, koyake adhewe uwis ngliwati dalan kena ya?”
Glen:” Iya, aku apal dalane iki. Adhewe pencar wae ya?”
Nina:” Iya, aku, Glen, Ule moro nengen. Axel, Dita moro ngiwa. Saumpamane uwis eruh dalane, adhewe kumpul mrene eneh.
Dita:”Iya.”

            Dheweke trus pencar, bareng sawetara suwe Axel karo Dita ora isa nemokne dalan metu.
Axel:” Heh Dit, adhewe kok panggah lewat dalan mrene. Aya njajal adhewe lewat dalan wong telu mau.”
Dita:”Yah.”

Axel karo Dita mutusne menyang dalane bocah telu mau. Sabanjure dheweke nemokne tetesan getih.
Dita:”Mandhek kene dhisek ya, aku uwis kesel.”
Axel:”Iya wis”
            Banjur Dita lungguh sirahe ndingkluk.
Dita:”Heh iki apa lo?”
Axel:” Iki koyak getih ta, aya ditutne wae.”
Dita:”Aya Xel.”

            Sawise mlaku suwi, Axel karo Dita kaget enek kancane mau podo gedres getih amarga ketusuk panah. Dumadakan ana panah sing sing arep nyamber Dita karo Axel. Nanging ora kena.
Axel:”Teka ngendi asale panah kuwi mau?

            Dumadakan ana sawijining uwong sing njedus teka mburine uwit karo ngguyu ngakak lan nggawa panah.
Stella:”Hahahahaha.”
Dita:”Stella, kok awakmuiseh urip?”
Stella:”Nyapa? Kaget ?”(karo njengek)
Dita:”Ya ampun La , sak suwine iki nyatane awakmu ngapusi aku?”
Stella:”Iya, nyapa?”
Axel:”Trus apa maksudmu nggawa panah?”
Stella:”Pengin weruh maksudku?”

            Stella banjur maser tumuju Axel, nanging masere kena kupinge Axel.
Axel:”Iyung……”
Stella:”Nyapa, lara?”
Dita:”Ya ampun la, awakmu kok tega.”
Stella:”Tega? Tega ndi karo kowe kabeh.?
Dita:”Adhewe tega? Jane adewe salah apa?”
Stella:”Kowe ndak weruh salahmu kabeh apa? Sak tenane iki kabeh ora sebanding karo lara atiku. Aku wis kelangan wong tuwa sing tak tresnani lan kuwi salahmu kabeh.”

Dita:”Salah e awake dhewe?”
Stella:” Iya iki salahmu kabeh, kowe ora tau ngerti rasane kelangan wong tua siji-sijine, wektu kuwi bapakku pas lara nemen, nanging kowe malah seneng-seneng lan menging aku bali.”
Dita:” Yen kowe pas kuwi crita, adhewe bakal ngertekne kowe.”

            Banjur dumakan Stella maser tumuju tangane Dita.
Axel:”La, kowe kok jahat men.”
Stella:” Iya, aku pancen jahat. Iki wis wayahe aku mbales kowe kabeh.”
Dita:” banjur trus lek kowe mateni kancamu kabeh, sapa sing arep njaga kowe? Ndisek bapakmu tau meling ning awake dhewe njaga kowe yen bapakmu wis seda.”

            Stella krasa salah banjur deweke nangis karo njerit. Dumadakan Pak Jajang teka lan mrisane kedadean kasebut lan nglaporne menyang kepolisian.
            Akhire Stella ngakoni salahe lan nyerahne menyak kepolisian. Kabukti umah sing nomer 13 yaiku umah duweke keluargane Stella lan kabeh sing direncanakne Stella mek kepengin balas dendam.

TAMAT


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kasmaran