Dening: 1. Arya adha
2. Dicky rama
3. Iqbal chakiki
4. M.jaques
5. M amrul
6. Nanda wulan
7. Rara novita
8. Tiara amelia
Sipnosis:
Cerita iki bahas masalah katresnan bocah mos ing SMA Garuda ana kenya sing dadi primadona anyar ing sekolahan iku. Kenya iku jenenge Nanda. Nanda di senengi karo bocah lanang lara sing kepincut marang kharismane Nanda. Bocah lanange yaiku Amrul lan jack. Amrul iku bocah seng alim lan polos dene jeck iku bocah dugal lan dablek. Bocah lanang lara iku bersaing supaya ngolehke atine Nanda. Sakteruse bocah lara iku nemoni Nanda guna takon sapa sing dipilih Nanda dumadi pacar e Nanda. Akhir e Nanda ora milih sawijine nanging ndadeake bocah lanang lara iku dadi sahabate.
Katrangan paraga:
PRAGA WATAK UMUR
Nanda Polos 16
Amrul Alim 16
Jack Nakal 16
Rara Becik 16
Tiara Becik 16
Arya Nakal 16
Dicky Nakal 16
Iqbal Bijak 16
Kisah iki diawali saka perteman para bocah sing lagi kasmaran ing SMA Garuda. Diawiti saka Amrul si bocah polos, alim, lan sabar sing durung tau ngrasakne kasmaran. Amrul uga due sahabat sing jenenge Chakiki, Chakiki bocahe seneng menehi nasehat sing apik, de’e bocah sing paling di percaya Amrul.
Dina pertama mos Amrul lan Chakiki ora sengaja ketemu cah wedok sing gawe jantunge Amrul dak dik duk ora karuan, amarga ke-ayuan paras e Amrul langsung katresnan ing pandangan pertama tapi de’e isin arep cerita karo Chakiki. Ing atine Amrul pengen njaluk pitutur/pencerahan ing Chakiki tentang perasa’ane neng kenya iku tapi de’e isin. Terus pas de’e ora karo Chakiki, Amrul ketemu karo kenya sing de’e tresnani iku lan kenya iku ora sengaja nyeblokne bukune. (sontak Amrul langsung sigap membantunya)
Gubrak..!! (suara buku ceblok)
Amrul : “Sampean nggakpapa?” (karo suara gugup)
Nanda : “Iya nggapapa. Matursuwun wis ngewangi yo”
Amrul : “iya sami – sami”
Nanda : “Wis ben ngunu ae sisane, mengko ngrepotne sampean”
Amrul : “Ora kok kan wis sakmestine sesama manusia saling ngewangi, iya ta?”
Nanda : “Oh iya ta, o iya aku Nanda sampean sinten?”
Amrul : “Aku Amrul” (mesem ga genah)
Nanda : “Kayak tau ngerti ya, sakdurung e tau ketemu ya awake dewe?”
Amrul : “Kayak e durung lah”
“Nanda” (diceluk konco)
Nanda : “Oh aku di celuk kancaku, aku disik matursusun ya, bye”
Amrul : “Iya”
Pas mbagekne ruang mos Amrul lan Chakiki ndak sengaja sekelas karo Nanda si bocah ayu lan mempesona, de’e lugu lan menyita perhatian bocah – bocah lanang ing sekolah. Nanda due lara sahabat sing tas dikenalne ing SMA iku, tapi deweke wes cedek banget karo bocah iku, bocah iku jenenge Rara si bocah pinter lan kutu buku, sijine iku Tiara si bocah sosmed sing adoh beda teka Rara lan pastine super narsis biasa di sebut selebgram sing keren abis. Disamping iku ana geng 3 bocah lanang sing super nakal tapi keren, yaiku Jack, Arya, lan Dicky. Jack sing dadi ketua geng, de’e due sifat egois, pemarah, tapi memang keren sih. Arya si bocah lemu(kentung) tapi sahabat cedek e jack. Dene si Dicky yaiku bocah gamers.
Pas kabeh bocah wis pada masuk kelas, mara-mara jack terpukau karo ke ayuan e Nanda lan ndudohne ndek kanca – kancane.
Jack : “Wow, ayu banget cah wedok kui, woy Dick deloken kui ayu banget ya, sapa ya jeneng e?”
Dicky : “Wow, bener cuy, tapi lek jeneng e sing pasti aku durung ngerti”
Jack : “Ah tak kiro ngerti, yoh di parani ae adewe kenalan bro”
Dicky : “Males ah iki game ku ae durung mari”
Jack : “Ah kesuen, tak aku ae lek no”
Dicky : “Karepmu, sukses ya”
Akhire Jack ngampiri lan awet kenalan
Jack : “ Hai cah ayu. Namani sampean sinten?”
Nanda : “Hmm... Nanda. Ana apa ya?”
Jack : “ Gapapa mek pengen kenalan. Aku Jack, pas banget ya adewe sekelas, ngerti nggak nyapo?”
Nanda : “Hmm... Nyapo emange?”
Jack : “amerga.... aku ganteng trus sampean e ayu dadi cocok. Setuju nggak?”
Nanda : “Hmm... ngana ye?”
Jack : “Sampeyan tekan smp endi?”
Nanda :”Saka smp 1 Tunas Bangsa”
Lan Jack karo Nanda omong-omongan wes sui Amrul seng ngeruhi terasa atine kaya ditusuk pengen rasane Amrul seng enek ing posisine jack dening apa dayane Amrul ndak kuat krana rasa isine sakjroning adep-adepan karo Nanda. Akhire Amrul njalok pencerahan karo chakiki tapi ora ndudohi sapa bocah sing di demeni Amrul.
Amrul :”Ki, wong tresno iku lara apa seneng seh?”
Chakiki :”ya seneng lah masak lara. Lek lara jenenge lara ati,terus nyapo kowe kok takok ngana.”
Amrul :”ora papa mek takok tok.”
Chakiki :”bener a paling kowe demen karo bocah wedok seng ayu dewe neng kelas e awake dewe kuwi to hayo ngaku aku weruh kowe ndelok i wong e.
Amrul :”hmmm....ora kok.”
Chakiki :”halah ndak usah isin awakmu ndemeni cah wedok seng omong-omongan karo Jack.”
Amrul :”haaah o..o..ora
Chakiki : “heleh aku eroh ket maeng awakmu panggah nyawangi cah wedok kae.”
Amrul :”hmmm....ya,aku nyatuk seneng karo cah kae tapi aku isin,terus aku kudu pie.”
Chakiki :”ngene ae,awakmu wanekno ngomongke perasaanmu ing Nanda sak jujure atimu merga lek kesuen mengko di rebut wing liyo.”
Amrul:”hooh lekno aku bakal berjuang gawe ngomong sak jujure gone nanda.”
Chakiki :”oke siap.”
Pas Chakiki karo Amrul omong-omongan ora sengaja kancane Jack krungu langsung wadul marang Jack nek kantin
Arya :”jack awakmu weroh amrul to?cah seng sok alim neng kelas.”
Jack .”iya eroh aku,enek apa?
Arya :”Deweke kui tibake demen karo Nanda cuy”
Jack :”Ha? Tenan ye kui”
Ayra :”Iya. Aku krungu dewe lek Amrul arep ngungkapne perasaane mae Nanda mengko”
Jack :”Ora isa di jarne iki. Aku kudu tumandang. Aku wegah menawa Nanda jadian karo Amrul”
Dicky :”Iya setuju ayo langsung di parani saiki”
Jack :”Yoh”
Amrul lan Chakiki ana ing ngarep kelas lagi omong – omongan
Jacj :”Woi Rul”
Amrul :”Ana apa?”
Jack :”Ana apa ana apa kowe aja cedek cedek karo Nanda, Nanda kui waankku!”
Amrul :”Jare sapa? Nanda kui uduk pacarmu dadi sak sire wonge arep cedek karo sapa”
Jack :”Ora iso Nanda kui waanku lan sing pasti wonge kui milih aku lah”
Amrul :”Ayo di buktikne saiki. Ben Nanda milih saktenane antarane aku lan kowe”
Jack :”Ayo sopo wedi”
Nanda lan kanca kancane ana ing kelas
Jack :”Nda, awaku milih aku apa Amrul?”
Nanda :”Milih apa? Aku ora paham”
Amrul :”Woi! Ojo kesusu ngana to di jelasne sik mae Nanda. Nanda aku iku karo Jack demen karo awakmu tapi adewe ora eruh piye persaanmu mae adewe. Dadi adewe kabeh rene arep takon ning awakmu awakmu pilih aku utawa Jack?”
Nanda :”Hmm... aku bingung”
Rara :”Nda, awakmu demen karo sapa jroning atimu? Ojo kesusu”
Tiara :”Iya sing alon wae”
Arya :”Nda awakmu miliho Jack ae lo. Jack iku jan pantes banget to karo awakmu. Cocok!”
Dicky :”Iyo Nda jan pol kui”
Chakiki :”Konco – koncoku ojo gawe rusuh ngene lo. Opo apike, mengko menawa Nanda milih salah sijine mengko sing sijine lara ati. Menawa Nanda milih Jack paling Amrul isa nrima mergo Amrul kui sabar menawa sing di pillih Amrul piye ja? Jack mesti ra trima. Dadi solusine ngene wae kabeh dadi kanca apik wae ora usah miih – milihan ketimbang dadi musuh. Iya to?”
Nanda :”Iya jane mergo aku dewe ora ana rasa menyang Amrul utawa Jack. Aku ya ora oleh pacaran karo wong tuaku.”
Jack :”Ha... aduh mak”
Amrul :”Yo wis lah aku ngerti kok perasaan masio di paksakne. Tapi adewe isih iso dadi sahabat to?”
Nanda :”Iyo Rul adewe sahabat kok. Terus Jack adewe dadi sahabat ae ya. Awakmu setuju to?”
Jack :”Iyo lah aku setuju senajan aku rodok keberatan”
Chakiki :”Nah lek ngene kan apik to. Sarwa damai kabeh”
Sedoyo :ENGIH....”